BAMBANG SUMANTRI
Patuladhan kang bisa kapethik saka
lelabuhane bambang sumantri kaya kacetha ing serat tripama tembang
dhandhanggula kaya ing ngisor iki.
Yogyanira
kang poro prajurit ,lamun bisa sami anuladha ,kadya nguni ceritane,andelira
sang prabu ,sasrabahu ing maespati ,aran patih suwanda ,lelabuhanipun ,kang
ginelung tri prakara ,guna kaya purun ingkang denantepi ,nuhoni trah utama.
Miturut
petikan saka serat tripama kasebut bisa diuningani menawa bambang sumantri kang
tembene aran putih suwanda iku klebu paraga wayang sing akeh sithike nduweni sipat kontroversial .
sumantri dianggep pahlawan , karana tansah njunjung dhuwur sipat kaprawiran
,nanging uga sawetara sipate kang kurang prayoga [ala],yaiku kaduk piangkuh
[gumedhe ].
Bambang
sumantri putrane resi suwandagni [suwandageni] ing padhepokan ardisekar
.satriya bagus kang tansah dadi panjang kidunging para Kenya ,nanging ing
telenging atine mung tansah kayungyun marang kaprawitan ,kanuragan ,lan jaya
kawijayan .saka genturing tapane , panaringan kadikdayan linuwih lan gegaman
kang ampuh .
Dening
keng ramane ,sumantri dhinawuhan suwita ana ngarsane prabu arjunasasrabahu ing
maespati .pasuwitane bakal ditampa janji bisa mbonyong dewi citrawati ,putrane
prabu citradarma ing magada [manggada ],kinarya prameswarine sang nata .
Bambang
sumantri nglurug menyang magada ,ngalahake raja sewu Negara kang di pandhegani prabu darmawasesa kang
uga bakal ngayunake dewi citra wati .sumantri klakon mboyong dewi citrawati
dalah putri dhomas ,bakal katur prabu arjunasasrabaahu .
Satekane
saka magada ,sumantri ora enggal ngaturake dewi citrawati ,nanging malah njaluk
supaya diboboti nganggo pancakara utawa perang tandhing kinarya nodhi
sepira kadekdayanesang nata prabu arjunasasrabahu .dening sang prabu diladeni .supayan
aja nganti ana panyakrabawa yen iki perange kawula mungsuh ratu gustine ,mula
bambang sumantri banjur kaparingan ageman kanarendran loro dene sang nata.
Pamrihe murih saimbang kalungguhane yaiku ratu mungsuh ratu.
Nalika
Sang Prabu meh kaseser yudane ,banjur triwikrama dadi brahala sagununganakan .sumantri arep diuntal malang
,nanging ora sida jalaran sumantri kang wis rumangsa kasoran banjur nglumpuk
ing pangarepane sang nata karo nyuwun pangaksama .sang prabu arjunasasra paring
pangapura ,nanging sumantri bali ditodhi kasudibyane kanggo nebus kaluputane
.sumantri dhinawuhan muter taman sriwedari saka kahyangan uttarasegara [untara-segara] menyang
maespati .
Kanthi
nalangsa ,nggetuni pakartine ,sumantri mulih menyang padhepokan ,ketemu karo
adhine ditya sukasrana kang awujud buta bajang sing rupane medeni nanging
kasektene ngedap-edabi .sumantrei nyritakake kabeh lelakone marang adine kuwi
.sukasrana saguh mitulungi janji dikeparengake ndherek suwita ing maespati
.sumantri nyaguhi .
Bebasan
mung sakedheping netra .sawise manengkupuja ,sukasrana bisa mindhah taman
sriwedari saka kahyangane bathara wisnu mau menyang maespati ,satemah ndadekake
gumune para kawula .prabu arjunasasra klawan dewi citrawati didherekake para
putri uga ngersakake mriksani lan nitipriksa taman iku .
Nalika lagi ngresepi kaendahane
taman dumadakan dewi citrawati anjelih kepati [njerit] merga meruhi ana buta
bajang ana papan kono .rumangsa isin ,adhine dikongkon mulih dhisik ,dijanjeni
yen pasuwitane wis ditampa tenan ,sukasrana arep diajak suwita uga .ning
sukasrana ora gelem pisah karo sumantri .dening sumantri banjur diagar-agari
jemparing .nanging tanpo sengaja panah mau mrucut lan tumama ana dhadhane sukasrana
setemah ndadekake patine .sumantri rumangsa keduwung .nalika arep ngrungkebi
kunarpane sukasrana ,sanalika ilang musna .
Saka madya gantamg keprungu
suwara lamat-lamat ;’’kakang sumantri .aku emoh mlebu menyang suwarga menawa
ora bebarengan karo kowe .titenana kakang ,mbesuk yen kowe tandhing tiyasa karo
ratu buta ,iya ana kono nggonku methuk kowe bebarengan munggah kasuwargan ‘’
Bubar kuwi ,pasuwitane sumantri
katampa .winisudha dadi patih ing maespati aran patih suwanda .kondhang
minangka patih sing tansah setya tuhu marang ratu gustine.nalika ndherekake
sang prabu lan prameswarine lelumban ana ing narmada ,ketekan dasamuka sing
nedya ngarubiru .ya nalika nrenggalangi kridhane prabu dasamuka iki,wusanane
patih suwanda tumakaning sirna gugur minangka pahlawaning maespati .