Saturday, June 15, 2019

BAMBANG SUMANTRI


BAMBANG SUMANTRI

Patuladhan kang bisa kapethik saka lelabuhane bambang sumantri kaya kacetha ing serat tripama tembang dhandhanggula kaya ing ngisor iki.
Yogyanira kang poro prajurit ,lamun bisa sami anuladha ,kadya nguni ceritane,andelira sang prabu ,sasrabahu ing maespati ,aran patih suwanda ,lelabuhanipun ,kang ginelung tri prakara ,guna kaya purun ingkang denantepi ,nuhoni trah utama.
Miturut petikan saka serat tripama kasebut bisa diuningani menawa bambang sumantri kang tembene aran putih suwanda iku klebu paraga wayang sing  akeh sithike nduweni sipat kontroversial . sumantri dianggep pahlawan , karana tansah njunjung dhuwur sipat kaprawiran ,nanging uga sawetara sipate kang kurang prayoga [ala],yaiku kaduk piangkuh [gumedhe ].
Bambang sumantri putrane resi suwandagni [suwandageni] ing padhepokan ardisekar .satriya bagus kang tansah dadi panjang kidunging para Kenya ,nanging ing telenging atine mung tansah kayungyun marang kaprawitan ,kanuragan ,lan jaya kawijayan .saka genturing tapane , panaringan kadikdayan linuwih lan gegaman kang ampuh .
Dening keng ramane ,sumantri dhinawuhan suwita ana ngarsane prabu arjunasasrabahu ing maespati .pasuwitane bakal ditampa janji bisa mbonyong dewi citrawati ,putrane prabu citradarma ing magada [manggada ],kinarya prameswarine sang nata .
Bambang sumantri nglurug menyang magada ,ngalahake raja sewu Negara   kang di pandhegani prabu darmawasesa kang uga bakal ngayunake dewi citra wati .sumantri klakon mboyong dewi citrawati dalah putri dhomas ,bakal katur prabu arjunasasrabaahu .
Satekane saka magada ,sumantri ora enggal ngaturake dewi citrawati ,nanging malah njaluk supaya diboboti nganggo pancakara utawa perang tandhing kinarya nodhi sepira  kadekdayanesang nata prabu  arjunasasrabahu .dening sang prabu diladeni .supayan aja nganti ana panyakrabawa yen iki perange kawula mungsuh ratu gustine ,mula bambang sumantri banjur kaparingan ageman kanarendran loro dene sang nata. Pamrihe murih saimbang kalungguhane yaiku ratu mungsuh ratu.
Nalika Sang Prabu meh kaseser yudane ,banjur triwikrama dadi brahala  sagununganakan .sumantri arep diuntal malang ,nanging ora sida jalaran sumantri kang wis rumangsa kasoran banjur nglumpuk ing pangarepane sang nata karo nyuwun pangaksama .sang prabu arjunasasra paring pangapura ,nanging sumantri bali ditodhi kasudibyane kanggo nebus kaluputane .sumantri dhinawuhan muter taman sriwedari saka  kahyangan uttarasegara [untara-segara] menyang maespati .
Kanthi nalangsa ,nggetuni pakartine ,sumantri mulih menyang padhepokan ,ketemu karo adhine ditya sukasrana kang awujud buta bajang sing rupane medeni nanging kasektene ngedap-edabi .sumantrei nyritakake kabeh lelakone marang adine kuwi .sukasrana saguh mitulungi janji dikeparengake ndherek suwita ing maespati .sumantri nyaguhi .
Bebasan mung sakedheping netra .sawise manengkupuja ,sukasrana bisa mindhah taman sriwedari saka kahyangane bathara wisnu mau menyang maespati ,satemah ndadekake gumune para kawula .prabu arjunasasra klawan dewi citrawati didherekake para putri uga ngersakake mriksani lan nitipriksa taman iku .
               Nalika lagi ngresepi kaendahane taman dumadakan dewi citrawati anjelih kepati [njerit] merga meruhi ana buta bajang ana papan kono .rumangsa isin ,adhine dikongkon mulih dhisik ,dijanjeni yen pasuwitane wis ditampa tenan ,sukasrana arep diajak suwita uga .ning sukasrana ora gelem pisah karo sumantri .dening sumantri banjur diagar-agari jemparing .nanging tanpo sengaja panah mau mrucut lan tumama ana dhadhane sukasrana setemah ndadekake patine .sumantri rumangsa keduwung .nalika arep ngrungkebi kunarpane sukasrana ,sanalika ilang musna .
               Saka madya gantamg keprungu suwara lamat-lamat ;’’kakang sumantri .aku emoh mlebu menyang suwarga menawa ora bebarengan karo kowe .titenana kakang ,mbesuk yen kowe tandhing tiyasa karo ratu buta ,iya ana kono nggonku methuk kowe bebarengan munggah kasuwargan ‘’
                Bubar kuwi ,pasuwitane sumantri katampa .winisudha dadi patih ing maespati aran patih suwanda .kondhang minangka patih sing tansah setya tuhu marang ratu gustine.nalika ndherekake sang prabu lan prameswarine lelumban ana ing narmada ,ketekan dasamuka sing nedya ngarubiru .ya nalika nrenggalangi kridhane prabu dasamuka iki,wusanane patih suwanda tumakaning sirna gugur minangka pahlawaning maespati .

Arane Anak Kewan


Arane  anak kewan

1.      Anak pitik arane  Kuthuk
2.      Anak menthok arane minthi
3.      Anak bebek arane meri
4.      Anak sapi arane pedhet
5.      Anak jaran arane belo
6.      Anak kebo arane gudel
7.      Anak kucing arane cemeng
8.      Anak wedhus arane cempe
9.      Anak gajah arane bledug
10.  Anak cecak arane sawiyah

Arane Panggonan

Araning panggonan

                                 
1. Kandhang jaran arane Gedhogan                          
2. Kandhang pitik arane Pranji                                  
3. Kandhamg bebek arane Kombong                        
4. Kandhang dara arane Pagupon                              
5. Kandhang jangkrik arane Tulang                           
6. Kandhang gajah arane Wantilan                            
7. Kandhang macan arane Krangkeng                                   
8. Omah yuyu arane Rong                                                     
9. Omah tawon arane Tala                                                     
10. Omah landhak arane Song            

Cara Nulis Aksara Jawa ing Komputer

Legena

Pasangan

Angka Jawa

Aks. Murda
a
a

H
H

1
1

!
!
n
n

N
N

2
2

@
@
c
c

C
C

3
3

#
#
r
r

R
R

4
4

*
*
k
k

K
K

5
5

&
&
f
f

F
F

6
6

$
$
t
t

T
T

7
7

%
%
s
s

S
S

8
8

^
^
w
w

W
W

9
9

Alt+0174
®
l
l

L
L

10
10

Alt+0175
¯
p
p

P
P

Aksara Swara

Alt+0176
°
d
d

D
D

A
A

Alt+0178
²
j
j

J
J

I
I

Alt+0179
³
y
y

Y
Y

U
U

Alt+0180
´
v
v

V
V

E
E

Alt+0181
µ
m
m

M
M

O
O


g
g

G
G

{
{“‘



b
b

B
B

;
;



q
q

Q
Q

)
)



z
z

Z
Z

(
(



i
i

h
h

-
-



u
u

/
/

_
_



[
[

?
?

+
+



o
o

\
\

`
`

}
}
e
e

,
,

~
~

< 
< 
=
=

.
.

|
|

> 
> 
Sandhangan

Khusus / Mligi
i
i

Wulu


_
_

Alt+0209
Ñ
u
u

Suku


(
(

Alt+0210
Ã’
[
[

Taling


)
)

Alt+0211
Ó
e
e

Pepet


|
|

Alt+0212
Ô
[o
[ o

Taling-tarung


`
`

Alt+0213
Õ
/
/

Layar


~
~

Alt+0214
Ö
h
h

Wignyan





Alt+0215
×
=
=

Cecak


Aksara rekan



.
.

Pada Lungsi


kh
k+



,
,

Pada Lingsa


f
p+



\
\

Pangkon






;
;

Pada Pangkat


dz
f+



-
-

Pengkal


gh
g+



]
]

Cakra


z
j+



}
}

Cakra Keret







x
> 

Pa Cerek






X
X

Nga Lelet







?
?

Adeg-adeg







Alt+0165
¥

Pada Luhur







Alt+0166
¦

Pada Madya







Alt+0167
§

Pada Andhap






























































Arane Wektu

Arane Wektu Wayah tabuh 01.00 arane lingsir wengi Wayah tabuh 02.00 arane titiyoni Wayah tabuh 03.00 arane jago kluruk pisan Wa...